Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko ingsun tutur Tembang Gambuh Samengko ingsun tutur - TKJ SAKTI - Hallo sahabat TKJ SAKTI, Pada Artikel kali ini yang berjudul Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko ingsun tutur Tembang Gambuh Samengko ingsun tutur - TKJ SAKTI, kami berusaha mempersiapkan artikel ini dengan sebaik baiknya untuk anda baca dan ambil informasi didalamnya. Semoga isi postingan yang kami tulis ini dapat dengan mudah anda pahami. baiklah, selamat membaca.
Judul : Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko ingsun tutur Tembang Gambuh Samengko ingsun tutur - TKJ SAKTI
link : Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko ingsun tutur Tembang Gambuh Samengko ingsun tutur - TKJ SAKTI
Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko ingsun tutur Tembang Gambuh Samengko ingsun tutur - TKJ SAKTI
1. Paugeran tembang Gambuh, yaiku
a. Guru gatra = 5 gatra/larikb. Guru wilangan = 7, 10, 12, 8, 8
c. Guru swara = u, u, i, u, o
d. Sasmitane tembang Gambuh = embuh, tambuh, sembuh, imbuh, kambuh, wimbuh
e. Watake tembang Gambuh = sumanak, sumadulur, prayoga kanggo aweh pitutur utawa sesorah sing rada sereng
2. Unsur kang Ambangun Teks
- Laras = swara iramaning gamelan
- Titi laras = tulisan/tandha sing nggambarake cendhek dhuwuring swara
- Cakepan = rerangkening tetembungan kang ana sajroning tembang
- Pathet = dhasar cendhek dhuwuring larase swara gamelan
- Pedhotan = tatacarane medhot tetembungan supaya kepenak diwaca ing sajroning gatrane tembang
- Andheg = selehing swara saben gatra
- Luk = ngenggokake/mbengkongake titi laras
- Gregel = variasi munggah mudhune titi laras sing ora ana luk e
- Cengkok = cirine tembang antarane tembang siji lan sijine
3. Pitutur luhur sajroning tembang Gambuh Tembang Gambuh
Samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumutur
dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon
Sembah raga puniku
pakartine wong amagang laku
sesucine asarana saking warih
kang wus lumrah limang wektu
wantu wataking wewaton
Pitutur luhur e :
~ Saiki aku arep aweh pitutur/ ngomong~ Patrap sembah papat supaya bisa lumuntur (4 jenis sembah supaya dilestarikake)
~ Yaiku sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa
~ Iku kabeh bisa kasembadan / kelakon
~ Minangka tandha nugrahane kang Maha Kuwaos
~ Sing diarani sembah raga yaiku
~ Pakartine wong nedheng nindakake laku
~ Sesucine lantaran sarana saka banyu
~ Banjur nindakake Shalat limang wektu
~ Jumbuh karo wewaton sing samesthine kudu sitindakake
4. Papat jenis sembah
a. Sembah raga = sembah kang nggunakake gerakan / badaniyahb. Sembah cipta / sembah kalbu / sembah ati = kita sbg manungsa kudu bisa ngendalikake hawa nafsu
c. Sembah jiwa = kita kudu eling (dzikir) lan waspada
d. Sembah rasa = sembahyang dgn menggunakan perasaan
5. Empat jenis nafsu
a. Nafsu Amarah merupakan nafsu yang membawa kita pada keburukan.b. Nafsu Mutmainah merupakan nafsu yang membawa kita menuju kebaikan.
c. Nafsu Mulhimah merupakan nafsu yang ditimbulkan oleh Mata/Penglihatan.
d. Nafsu Alumuah merupakan nafsu yang ditimbulkan oleh Mulut/Kenikmatan Rasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar